Scroll to Top

BAWA ING SAJRONING RASA

By Susiyanto / Published on Friday, 22 Nov 2013 07:52 AM / No Comments / 2170 views
ٍ
ٍSekedar Illustrasi

Ana saweneh paraga kang nggadhuh gegebengan menawa kapitayan tuwuh ing sajroning rasa. Rasa iku dhewe angel diselaki awit mujudake krenteging nala. Mula akeh kang nduweni pangira amarga tuwuh sajroning rasa mula pangrasane iku bisa wae njalari iktikad kang mawarna-warna. Kabeh mau dianggep bener kanggo sawiji-wijining manungsa tanpa bisa ginanggu jalma liya. Ana uga kang duwe reregeman menawa kapitayan kudu adhedhasar kasunyatan. Pengangen-angene bab batin apamaneh lahir iku tansah bisa katitik mawa bukti. Ujare kandha, paraga kang nggilut penganggep kaya mangkono iku bisa nalusur bukti sanadyan bab batin iku kalebu kawruh ginaib pisan.

Angagungake rasa iku tartamtu nora luput. Anggunggung kamukten batin uga dudu prakara kang nistha. Kabeh mau ana benere lan perlu sarta kudu pancen mangkono pangudine manungsa. Ngupaya rahayuning tindak lahir lan utamaning batin iku bisa minangkani undhaking kawruh kautaman. Nanging sanadyan mangkono kudu tansah ambudi amrih ora ngiwakake taker. Marsudi marang kasarasan lan kaelokaning lahir tanpa nglerwakake luhuring batin.

Raden Panji Natarata, sawijining “parameng kawi” lan pinunjul ing babagan pangolahing kabatinan, wus mbangun tuwuh nyawiji ing tekad mbrastha tindak lan kapitayan kang nalisir saking nyata. Ing sajroning “Serat Bayanullah” layang anggitane, Raden Panji paring betuwah marga ora lila bangsa Jawa kesasar nunjang palang nerak wewaler, apa maneh kumawani nerak waton agama. Kabeh wewalere marang bangsa Jawa ngandhut makna sok sapaa aja gumampang nganggit ujar kang tanpa dasar. Aja gumampang ela-elu ing samubarang tanpa wewaton ngelmu. Ing donya iki akeh gebyar tanpa sinartan maelu beciking kahanan. Yen mung penganggite wong awam isih bisa nasar kaworan dajal. Mula ing ngati-ati. Luwih rahayu melu tindake Nabi ngupadi slamet ing sajroning agami.

Pancen kabeh mau jumurung tumuju panembahing gusti kang akarya jagad. Nanging wus dadi gegebenganing aluhur, niyat kang bener kudu ditindakake kanthi cara kang pener. Niyat lan tindak luhur kang adedasar kawruh bener mau tansah kudu lumaku bareng. Kabeh mau bakal tumus muwuhi bawa ing sajroning rasa. Ora amung nggeguru ombyaking rasa lan kentir ing ilining swasana, nanging pancen tumuju ing sejatining rasa. [Susiyanto]

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *